BOCAH PINTER
Dening : Meila Isna .R.
Neng sawijining dino ono bocah sing
jenenge Jono, bocah iku lagi wae lulus seko sekolah smp 5 harapan wonten
tangerang. Bocahe saka kulawarga sing ora mampu, jono sekolah wonten smp 5
intuk beasiswa. Jono iku bocah seng pinter, pagawean wong tuane yoiku petani
kabeh. Jono anak siji-sijine seko Bapak lan ibune. Jono sakwise lulus smp wonge
kepingin sekolah neng sma pinginane, nanging amarga wong tuane ora mampu, wonge
ora iso neruske sekolah maneh. Jono
takon karo bapakke.
“ Pak, iki aku wes lulus sekolah smp
aku pengen neruske sekolah neng sma, bapak kepriye, kulo nglanjutke nopo
mboten? jono takon karo bapakke.
“ yo piye yo nak, iki bapak lagi ora
nduwe duwit, amarga panenane Bapak ing taun iki lagi wurung.!!!“Bapakke ngomong karo ngelus-ngelus dodo”.
“ yo wis pak nak bpk ora bisa
nyekolahke aku wonten SMA , kulo mboten nopo-nopo!” ngomonge jono karo rodo’ mesakake.
“ ya le taun ngarep yen
panene Bapak metu kuwe iso neruske sekolah maneh ing sekolah sing mbok senengi”.
Bapakke ngomong karo ngelus-ngelus sirahe
jono.
Neng dino iku, jono ora
iso nerusake sekolah neng SMA, wonge neng omah ora nduwe pagawean. Terus si
jono nduwe unek-unek utawa akal piye carane biso mbantu kulawargane, jono
nyuwun arto bapakke kangge tumbas gunting lan jongkat.
Neng liyo dina jono mulai mubeng Desa
karo celatu, Cukur-Cukur…… Cukur Rambut- Cukur Rambut……. Cukur-Cukur……, jono
wis keliling-keliling kampung awet lor tekan kidul nanging durung ono wong kang
arep cukur. Jono ngaso sedelok wonten gubug cilik neng pinggir dalan, jono ora
gelem nyerah bocah iku trus keliling karo nawakke cukur….cukur…..,, neng tengah
dalan wonten wong kang nyelukki jono cukur…cukur….,
“ cukur-cukur” unine wong seko njero omah.
“ o… nggeh-nggeh” jono nyauri.”
“ tulung ya
cukurke rambute anakku, seng apik lho” unine
ibu seng arep nyukurke anakke.
“ nggeh
bu, mengke supados awis” jono wangsuli.
Dino iku jono mulai seneng nglakoni pekerjaan dadi
wong tukang cukur.
“ wah pak, dino
iki mau seng cukur akeh banget pak, aku nganti kesel nyukure” jono seneng nganti kesel kabeh awake.
“ lha kuwe piye
jon seneng nglakoni pekerjaan iki?, takon
bapakke
“ seneng kok pak,
tur yo bayarane lumayan” jawabe jono
“ yow is nak kowe
seneng, kono mangan ndisik.” Karo ngakon
jono
“ nggih pak” jono langsung mangan.
Ning dino liyo pas
jono lagi keliling nggolek pelanggan cukur, wonten tengah dalan, dewekke di
cegat karo preman. Preman mau ngendek jono karo njaluk duwite jono. Nanging
jono mekso ora intuk dijaluk duwite. Tapi dewekke dipeksa karo premanne sidane
duwite jono kabeh diwenehke karo preman mau.
Tekan omah, jono
langsung crita karo bapakke lan ibune, dewekke sedih banget karo kedadean kuwi.
Nanging wong tuane tetep sabar lan ngwenehi pitutur karo jono yen jono kudu kon
nrima wae amarga kuwi coba saka sing nggawe urip. Jono akhire biso ngerteni
omongane wontuane.
Akhire jono ora gelem nyerah karo kejadian iku, jono tetep pengen
nglanjutke pagawean dadi tukang cukur. Suwe-suwe jono bisa nglumpukke duwit
akeh, trus taun ngarep jono bisa nglanjutke sekolah pinginane, jono seneng
banget iso nggolek duwit dewe ora nyusahke wong tuane, dewekke yo seneng bisa
mbantu wong tuane ngringanke bebane wong tua.
Nanging jono tetep nglanjutke pagaweane dadi tukang
cukur, kalian sekolah nyambi dadi tukang cukur.
DADI ANAK KUDU PENGERTEN
KARO
KAHANAN WONG TUA
0 komentar:
Posting Komentar